Kaca Utama
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sugeng Rawuh Wonten ing Wikipédia Abasa Jawi
Sapunika wonten 26.346 artikel kanthi 5.956 pangagem ingkang kacathet. You don't speak Javanese? Find more about this language!
|
Artikel pinilih wulan punika
Gambar struktur sèl gabus tutup gendul sing didelok nganggo mikroskop déning Robert Hooke saka buku Micrographia sing dadi mula bukané tembung sèl dipigunaaké kanggo ndhèskripsikaké unit paling cilik organisme urip
Sèl iku unit organisasi paling cilik sing dadi dhasar kauripan ing pangertèn biologis. Kabèh fungsi kauripan diatur lan dumadi ing njeron sel. Amarga kuwi, sel bisa nduwé fungsi sacara autonom yèh kabèh kabutuhan uripe kecukupan. Makluk urip (organisme) kasusun saka siji sèl tunggal (uniselular, umpamané baktèri, Archaea, sarta sapérangan fungi lan Protozoa) utawa saka sèl akèh (multiselular). Ing organisme multiselular dumadi pambagéan tugas marang sel-sel panyusuné, sing dadi dhasar kanggo hirarki urip. Struktur sèl lan fungsi-fungsiné sacara ngéramaké mèh sarupa kanggo kabèh organisme, nanging jalur évolusi sing ditempuh déning saben golongan gedhé organisme (Regnum) uga nduwé kakhususan dhéwé-dhéwé. Sèl-sèl prokariota adaptasi karo kauripan unisèlular éwadéné sèl-sèl eukariota adaptasi kanggo urip silih kerja bebarengan ing organisasi sing tumata banget. Gambar pinilih wulan punika
Katrangan: Sima sumatra (Panthera tigris sumatrae) namung pinanggih ing Pulo Sumatra, Indonésia. Populasi kinten-kinten kantun antawis 400-500 kémawon, utaminipun gesang ing Taman-taman nasional ing Sumatra. Pangrisakan habitat minangka ancaman paling ageng tumrap populasinipun. Watawis 66 jinis punika sampun kaprejaya ing antawis warsa 1998 ngantos 2000. |
Prakawis Wikipèdia Jawi
Proyèk Wikipedia punika gadhah don ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sedaya basa ing saubengipun donya. Wonten kaca punika, sinten kémawon ingkang ngersakaken ngasta Wikipédia ing basa Jawi saged amujudaken. Saged mawi basa Jawi krama utawi saged ugi ing basa ngoko. Ananging manawi saged, langkung saé nyerat mawi basa krama. Isi Wikipedia wonten saandhaping Lisensi Dhokumèntasi Bébas GNU, tegesipun inggih bébas kaliyan bakal bébas ngantos salaminipun. Ugi kapurih kersa mriksani hak cipta kanggé katrangan langkung prakawis hak cipta, sumber kabikak, saha isi bébas. Kanggé pacoban mangga nyobi nyunting ing kothak wedhi Prastawa énggal
14 Maret 2010 - Watawis 80.000 wargi Thailand saking klompok pandhukung mantan Perdhana Mentri Thaksin Shinawatra ngawontenaken démonstrasi ing Bangkok, nuntut Perdhana Mentri Abhisit Vejjajiva mundur saking jabatanipun. (Kompas) (Kompas) (BBC) 9 Maret 2010 - Teroris Dulmatin dipunkabaraken tiwas ing salebeting panggerebekan ing Pamulang, Tangerang Kidul. (Detik) 17 Februari 2010 - Klompok gerilyawan MILF nulak tawisan otonomi paling énggal ingkang dipunajokaken Pamaréntah Filipina. (Kompas) 16 - Presidhèn Amérika Sarékat Barack Obama ngumumaken sacara resmi diplomat senior Robert S. Ford minangka dubes énggal Amérika Sarékat kanggé Suriah. (Kompas) 15 - Sakbotenipun 25 tiyang tiwas aamargi tabrakan kalih sepur komuter ing Halle, 15 kilomèter ing kidul-kilèn Brussels, Belgia. (Kompas) 13 - Junta Myanmar ingkang kuwaos mbébasaken Tin Oo ingkang dados wakil Aung San Suu Kyi ing partai Liga Nasional kanggo Demokrasi. (Kompas) |
Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni déning Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyèk wiki multibasa:
| Wiktionary Bausastra Jawi |
Wikibooks Buku tèks kaliyan manual bébas |
Wikiquote Kumpulan kutipan |
Wikisource Dokumèn sumber bébas |
||||
| Wikispecies Prakawis spésies |
Sumber warta bébas |
Commons Berkas multimédhia bébas |
Meta-Wiki Ko'ordinasi proyèk Wikimedia |
- Basa Nasional
- Langkung saking 2.000.000 artikel:
English •
- Langkung saking 200.000 artikel:
- Langkung saking 100.000 artikel:
- Langkung saking 50.000 artikel:
עברית • Tiếng Việt • Lietuvių • Slovenščina • Српски / Srpski • Български • Eesti • فارسی • Hrvatski • नेपाल भाषा • Simple English • Kreyòl ayisyen • Norsk (nynorsk) •
- Langkung saking 25.000 artikel:
Galego • ไทย • తెలుగు • Ελληνικά • Bahasa Melayu • Euskara • Cebuano • हिन्दी • Македонски • ქართული • Latina • Lëtzebuergesch • Bosanski • Brezhoneg • Íslenska •
Daftar pepak – Statistik multibasa
Ko'ordinasi multibasa – Miwiti Wikipedia énggal